Transportasi iku pamindhahan manungsa utawa barang saka sawijining papan nuju papan liyané kanthi migunaaké sawijining wahana sing diobahaké déning manungsa utawa mesin. Transportasi dipigunaaké kanggo nggampangaké manungsa nglakoni aktifitas saben dina. Ing negara maju biasané migunaaké sepur ngisor lemah (subway) lan taksi. Pandunung ing kana langka sing nduwé kendharaan dhéwé amarga sabagéyan gedhé migunaaké angkutan umum minangka transportasiné. Transportasi kapérang dadi 3 yaiku, transportasi dharat, laut, lan udhara. Transportasi udhara arupa transportasi sing mbutuhaké akèh dhuwit kanggo panggunaané. Saliyané amarga nduwèni téknologi sing luwih canggih, transportasi udhara arupa alat transportasi paling cepet katimbang alat transportasi liyané.
Liyané – Angkutan dharat saliyané montor, bis utawa pit motor sing lazim dipigunaaké déning masarakat, umumé dipigunaaké kanggo skala cilik, rékréasi, utawa sarana-sarana ing perkampungan, ing kutha uga ing désa.