|
Article on other languages:
|
Tebu (bahasa Inggris: sugar cane), nduwèni jeneng lokal rupa-rupa antara liya Tebu, Rosan (Jawa); Tiwu (basa Sundha), Tebhu (basa Madura), Tebu, Isepan (basa Bali); Teubee (basa Aceh), Tewu (basa Nias, Flores), Atihu (Ambon); Tebu (Lampung), Tepu (Timor); yakuwi tanduran sing paédah utamané kanggo bahan baku gula. Tanduran iki mung bisa thukul ing daerah iklim tropis, utamané ing daerah tebu (Sacharum Officinarum Linn), sing dhuwuré watara 1 nganti 1300 meter saknduwuré lumahing segara. Tanduran iki klebu jenis rumput-rumputan. Ing tanah Jawa sumebar sawetara jinis tebu antara liya jinis tebu ireng Cirebon, tebu kasur, POJ 100, POJ 2364, EK 28, POJ 2878. Saben jinis tebu nduwèni ukuran dhuwur, dawané ros lan werna sing béda-béda, nanging rata-rata dhuwuré wit tebu udakara 2 meter nganti 4 meter. Umur tanduran wiwit ditandur nganti tekan bisa dipanen kurang luwih 1 tahun. Ing Indonesia tebu akêh dibudidayaaké ing pulo Jawa lan Sumatra. [1] Kanggo nggawé gula, wit tebu sing wis dipanen diperes nganggo mesin pemeres (mesin press) ing pabrik gula. Sakwisé kuwi, nira utawa banyu perasan tebu mau disaring, dimasak, lan diputihaké saéngga dadi gula pasir kaya sing kita kenal sadina-dina. Saka proses nggawé gula tebu iku mau bakal ngasilaké gula 5%, ampas tebu 90% lan sisané arupa tètès (molasse) lan banyu. Tètès sing dikasilaké saka proses penggilingan tebu mau diperlokaké minangka bahan kanggo nggawé cèt. Saliyané bisa digawé gula pasir, nira tebu bisa uga digawé gula batu, gula abang utawa gula jawa. Godhong tebu sing garing (dhadhuk) minangka biomassa sing nduwèni kalori cukup dhuwur. Ibu-ibu ing padesaan sering migunaaké dhadhuk iku minangka bahan bakar kanggo masak; saliyané ngémat lenga sing regané larang, bahan bakar iki uga cepet panas. Ing sajroning konversi energi pabrik gula, godhong tebu lan uga ampas wit tebu bisa dipigunaaké kanggo bahan bakar boiler, sing uap é dipigunaaké kanggo proses produksi lan pembangkit listrik. Semono uga tanduran tebu uga ndeni manfaat kanggo pengobatan yakuwi
Nandur TebuInvestasi Agribisnis TebuInvestasi ing industri gula asal saka tebu cukup prospektif. Kebutuhan domestik isih ana udakara 1.4 juta ton per taun. Pemerintah kanthi rupa-rupa kebijakan promotif lan protektif wis nyiptakaké iklim investasi sing kondusif kanggo pengembangan industri gula tebu. Pasar internasional sing sajroning telung taun pungkasan ngalami defisit uga nandhaaké yèn investasi ing bidang iki cukup prospektif. Sawetara produk derivat saka tebu (PDT) kayata ethanol, ragi roti, inactive yeast, wafer pucuk tebu, papan partikel, papan serat, pulp, kertas, Ca-sitrat lan listrik nduwèni peluang pasar sing cukup ombèr, yakuwi ing pasar domestik apadéné pasar internasional. [3] Pangolahan LahanLahan sing arep ditanduri tebu kudu diolah luwih dhisik, bisa nganggo waluku biasa utawa sing luwih cepet nganggo traktor lan buldoser merga biasané lahané pancèn amba banget. Apa manèh yèn lahané isih akèh oyoté utawa bonggol wit-witan sing paling cocok kudu nganggo buldoser. Pengolahan lahan iki gunané kanggo ngilangké keasaman lan ngempukaké lemah, uga kanggo nggawé got, arupa got malang lan got mujur kanggo ngilèkaké banyu (drainage). Sakliyané kanggo drainage, got-got mau uga minangka wates kanggo ngukur luasan lahan sing dipara dadi pirang-pirang petak utawa emplèk. Rupa-rupa got sing kudu disiapaké antara liya:
Sakwisé rampung penyiapan got, bisa dimulai penjuringan, yakuwi gawé lubang kaya pot supaya mengkonéoyot tebu bisa thukul kanthi sampurna. Sakdurungé ditanduri juringan mau di garingké luwih disik kira-kira 3-4 minggu bèn lemahé kena panasing srengéngé. Pengeringan utawa pendyungan mau gunané supaya lemah dadi ora asam lan mambu wangi. Persiapan TandurSakdurungé tandur uga perlu disiapké sawetara langkah supaya lemah wis siap tenan ditanduri. langkah sing diperlokaké antara liya : Rao/Bubut Tanah, Turun Tanah, Ebor, lan Kecroh. Sakwisé kuwi bibit lagi dikethoki, diseleksi, direndhem banyu udakara 2 jam, di umbal (digawa nyedhaki lubang}, di cicir ning guludan-guludan, banjur ditandur. TandurBibit sing wis dikethoki telung ros telung ros, didèlèh kanthi mata (calon thukulan) ana ing iringan (ora ing nduwur utawa ing ngisor). Sakwisé kuwi bibit terus diurugi lemah sithik waé aja kandel-kandel. Pemilihan jenis bibit tebu uga penting banget. Padha waé karo wong sing arep golèk mantu, pemilihan bibit tebu kudu nggatèkaké bibit, bobot lan bèbèt. Bibit, artiné kudu jelas asal usulé saéengga nduwèni kemurnian spesies sing apik. Bobot, artiné nduwèni kualitas sing apik. Bèbèt, artiné nduwèni sifat lan kemantapan sing apik. Ngabuk/PemupukanKanggo nambah unsur hara, supaya lemah bisa nyukupi zat panganan tumraping tanduran, kala-kala diperloaké ngabuk utawa mènèhi abuk / pupuk. Déné jinis abuk sing diperloaké yakuwi sing ngandhut unsur Nitrogen, Phospat lan Kalium. Sakjroning mènèhi abuk kudu miturut pedoman baku yakuwi : kudu ditugal, digawé lubang pupuk, ditaker, diwolak walik yakuwi pemupukan sepisan ning sisih kiwa lan kaloro ing sisih tengan tanduran utawa suwaliké. Gulma kudu diresiki ndisik, sebab yèn ora mengko sing lemu malah gulmané. Yèn ngabuk kudu isuk-isuk lan ora kena ditaburké. Sakwisé ngabuk kudu disiram. Prinsip PemupukanPemupukan utawa ngabuk, kudu nuruti prinsip 5 tepat, yakuwi tepat jinis, tepat wektu, tepat mutu, tepat jumlah lan tepat panggonané.
WektuTanduran tebu biasané perlu diabuk yèn wis ngancik umur pitung dina lan umur 30 - 40 dina. Jenis Pupuk
SulamanPenyulaman kuwi gunané kanggo ngisi tanduran tebu sing ora thukul supaya tanduran tebuné komplit lan ora buthak-buthak. Sulaman sepisanan nalika tanduran umur 2 minggu, déné sulaman kapindho sakwisé tanduran umur 3 utawa 4 minggu. Kudu diupayaaké nyulam nganggo bibitan sing umuré mèh padha karo tanduran sing disulam. BumbunBumbun utawa dhangir, tujuané kanggo mènèhi tambahan lemah lan sumber zat hara sing anyar kanggo tanduran tebu. Saliyané kuwi bumbun uga nyandhet tuwuhing anakan (bèn ora kakèhan, yèn kakèhan tebuné dadi kuru-kuru) lan bisa ningkataké drainage. KlènthèkKlènthèk kuwi nglènthèki godhong tebu sing garing kanggo ngilangaké hama, ngurangi tebu rubuh merga angin, ningkataké hawa lan sinar srengéngé, ningkataké rèndemèn, nyegah tuwuhé oyot ing ros-rosan lan ngurangi bahaya keobongan. Sajroning mangsa setaun klènthèk yèn bisa dilaksanaaké ping pindho utawa ping telu. Organisme Pengganggu TanduranOrganisme pengganggu tanduran tebu bisa arupa hama, penyakit lan gulma.
Penyakit sing nyerang gaodhong awujud : mozaik, blendhok, noda kuning, karat, lan klorotik. Sing nyerang wit / batang : pembuluh (RSD), pokahbung lan luka api. Déné sing nyerang oyot : dhongkèlan lan phyctum. Kanggo nyegah lan mbrantas penyakit bisa migunaaké : varietas tahan lan sehat, pergiliran tanduran, sanitasi utawa pemusnahan tanduran sing kena penyakit, pemanfaatan musuh alami, pestisida lan karantina.
Panèn
Pasca PanènSawisé ditebang, dhadhuk sing rataaké ing sakndhuwuré bonggol terus diobong. Sakbanjuré terus di kepras yakuwi dipotong bonggol-bonggol sing isih pating crongot supaya rata lemah bèn pertumbuhan thukulané bisa luwih apik. Tanduran tebu sing wis dipanèn ora perlu ditanduri manèh sebab bonggolan bisa thukul manèh kanggo musim panèn sakterusé. Tahun kapindho disebut tanduran keprasan sing biasané rumpun dhompolé malah luwih akèh tinimbang taun kapisan. Dunungé Pabrik Gula Ing IndonesiaIng Pulo Jawa
1. PG. Jatibarang.Brebes 2. PG. Banjaratma 2) Brebes 3. PG. Pangka.Tegal 4. PG. Sumberharjo.Pemalang 5. PG. Sragi.Pekalongan 6. PG. Cepiring 2) Kendal 7. PG. Rendeng. Kudus 8. PG. Mojo.Sragen 9. PG. Tasikmadu.Karanganyar 10. PG Colomadu 2) Karanganyar 11. PG. Ceper Baru 2) Klaten 12. PG. Gondang Baru 2) Klaten 13. PG. Kali Bagor 1) Banyumas
1. PG. Cukir.Jombang 2. PG. Gempolkerep.Mojokerto 3. PG. Jombang Baru.Jombang 4. PG. Krembong.Sidoarjo 5. PG. Krian 2) Sidoarjo 6. PG. Lestari. Nganjuk 7. PG. Merican. Kediri 8. PG. Mojopanggung.Tulungagung 9. PG. Ngadirejo. Kediri 10. PG. Pesantren Baru.Kediri 11. PG. Tulangan. Sidoarjo 12. Watutulis. Sidoarjo
1. PG. Asembagoes. Situbondo 2. PG. De Maas 3) Situbondo 3. PG. Gending. Probolinggo 4. PG. Jatoroto.Lumajang 5. PG. Kanigoro. Madiun 6. PG. Kedawung. Pasuruan 7. PG. Olean. Situbondo 8. PG. Pagotan. Madiun 9. PG. Pajarakan. Probolinggo 10. PG. Panji. Situbondo 11. PG. Purwodadi. Magetan 12. PG. Prajekan. Bondowoso 13. PG. Rejosari. Magetan 14. PG. Semboro. Jember 15. PG. Sedhono. Ngawi 16. PG. Wonolangan. Probolinggo 17. PG. Wringinanom. Situbondo
1. PG. Candi.Jl. Raya Candi, Sidoarjo 2. PG. Krebet Baru. Malang 3. PG. Rejoagung Baru. Madiun 4. PG. Madukismo.Padokan, Tirtonirmolo, Kasihan, Bantul
1. PG. Gempol 1) Cirebon 2. PG. Jatitujuh. Majalengka 3. PG. Jatiwangi 2) Majalengka 4. PG. Kadipaten 3) Majalengka 5. PG. Karang Suwung. Cirebon 6. PG. Sindanglaut. Cirebon 7. PG. Subang. Subang 8. PG. Tersana Baru. Cirebon
1. PG. Kebon Agung. Malang 2. PG. Trangkil. Pati PT. Bapippundip. 1. PG. Pakis Baru. Pati Ing nJaban Pulo Jawa
1. PG. Sei Semayang. Deli Serdang 2. PG. Kuala Madu. Binjai
1. PG. Bunga Mayang. Lampung Utara 2. PG. Cintamanis. Ogan Komering Ilir
1. PG. Pelaihari.Tebing Siring, Pelaihari 70851, Kalsel
1. PG. Bone.Bone 2. PG. Caming.Bone 3. PG. Takalar.Takalar
1. PG. Gung Madu Plantation.Gatot Subroto No.108, Bandar Lampung
1. PG. Gula Putih Mataram. Bandar Lampung
1. PG. Tolanghua.Desa Lekaya, Kec. Paguyaman Kab. Gorontalo, Sulawesi Utara
1. PG. Sweet Indolampung.Jl. Menggala, Lampung Utara
1. PG. Indolampung Perkasa. Bandar Lampung
1) Wis ora aktif wiwit taun 1975 (2 PG) 2) Wis ora aktif wiwit taun 1998 (7 PG) 3) Wis ora aktif wiwit taun 2000 (2 PG) Total Pabrik Gula 70 (Jawa=57, nJaban Pulo Jawa=13 PG) Kondisi : Aktif 69 PG, ora aktif 11 PG [4] Produksi Gula ing Donya
Panganan/Ombenan saka tebu
Kapurih Ugi Mirsani
Pranala Jaba
|
||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
This article is from Wikipedia. All text is available under the terms of the GNU Free Documentation License.