|
Article on other languages:
|
Karajan Spanyol (basa Spanyol lan Galisia: Reino de España, Katalan: Regne d'Espanya, Basque: Espainiako Erresuma) yakuwi negara ing Eropah kidul-kulon, kang bebarengan karo Portugal, dumunung ana ing Semenanjung Iberia. Wates dharat Spanyol karo Eropah yakuwi Pegunungan Pyrenia wewatesan karo Perancis lan Andorra. Wilayahé uga nglingkupi kutha Ceuta lan Melilla ing Afrika Lor, Kepuloan Canary ing Samodra Atlantik, lan sawetara pulo ing Laut Tengah.
GeografiWilayah Spanyol diwtesi déning Portugal ing sisih kulon, sarta Gibraltar lan Maroko ing sisih kidul. Spanyol wewatesan karo Perancis lan Andorra ing sisih lor-wétan ngliwati Pegunungan Pyrenia. Wates segarané yakuwi Samodra Atlantik ing sisih kulon lan Teluk Biscay ing sisih lor sarta Laut Tengah ing sisih wétan, papan ing ngendi Spanyol nduwèni wilayah Kepuloan Balearik. Ing sisih kidul, ana Selat Gibraltar. Kutha-kutha ing Spanyol kanthi pedunung paling akèh antara liya Madrid, Barcelona, Valencia, Sevilla, lan Málaga. Lansekap Spanyol didominasi déning dhataran dhuwur lan pegunungan, kayata Pyrenia lan Sierra Nevada. Saka panggonan mau, mili sawetara kali. Iklim Spanyol kabagi papat bagéyan:
Pembagéyan administratifSpanyol dibagi 50 provinsi, dikelompokaké jroning 17 wilayah otonomi lan 2 kutha otonom kang nduwèni otonomi kang ombèr. Wilayah otonomiSpanyol dumadi saka 17 wilayah otonomi (comunidades autónomas) lan loro kutha otonom (ciudades autónomas; Ceuta lan Melilla).
ProvinsiKarajan Spanyol uga kapérang dadi 50 provinsi (provincias). Wilayah otonomi ngelompokaké sawetara provinsi (Extremadura, contoné, dumadi saka rong provinsi: Cáceres lan Badajoz). Wilayah otonomi Asturias, Kepulauan Baleares, Cantabria, La Rioja, Navarre, Murcia, lan Madrid, kabèh mau mung dumadi saka sak provinsi. Sacara tradisional, provinsi-provinsi mau kapérang manèh marang wilayah bersejarah (comarcas). Wilayah kadhaulatanAna lima enklave (plazas de soberanía) ing pesisir Afrika: kutha Ceuta lan Melilla minangka kutha-kutha otonom, sawijining status ing antarané kutha lan wilayah otonom; kepuloan Islas Chafarinas, Peñón de Alhucemas, lan Peñón de Vélez de la Gomera ana ing ngisoré pamaréntahan pusat ing Spanyol. Ceuta lan Melilla, senajan dudu wilayah bersejarah' sacara resmi, uga nduwé status istimewa. Uga pirsaniPranala jaba
|
||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
This article is from Wikipedia. All text is available under the terms of the GNU Free Documentation License.