Rumania (uga dieja Romania) yakuwi negara ing kidul-wétan Eropah, ing daerah Balkan lan minangka siji-sijiné negara ing daerah iki sing basané turunan saka basa Latin.
Rumania kuwi sawijining negara republikdemokratis. Cabang legislatif pamaréntahan Rumania dumadi saka rong majelis, Senat (Senat), kang nduwèni 137 anggota (taun 2005), lan Camera Deputatilor (Majelis Endhèk), kang nduwèni 332 anggota (taun 2004). Anggota saka majelis-majelis iki dipilih saben patang taun.
Rumania dibagi dadi 41 judete, utawa sejinis provinsi, lan siji kuthamadya: Bukarest (Bucureşti) - ibu kutha negara. Ing ngisor iki daftar provinsi Rumania (urutan sacara alfabet):