|
Article on other languages:
|
Oksigen utawa zat asam kuwi unsur kimia jroning sistem tabel périodik kang nduwèni lambang O lan nomer atom 8. Elemèn biasa lan ana ing endi-endi, ditemokaké ora mung ing Bumi nanging ing saindhenging alam semesta. Ing Bumi, oksigen biasané gegandhèngan karo elemen liya sacara kovalen utawa ionik. Oksigen ora kaiket (uga disebut molekul oksigen, utawa dioksigen, O2, molekul diatomik) pisanan muncul jroning cacah kang signifikan ing Bumi jroning era Paleoproterozoik (antara 2,5 milyar taun lan 1,6 milyar taun kapungkur) minangka produk saka aktifitas metabolik déning organisme anaerob wiwitan (archaea lan bakteri). Akèhé oksigen bébas ing atmosfer ing epoch geologi sabanjuré lan paningkatan konsentrasiné nganti tingkat wektu iki utamané disebabaké sintesis saka organisme fotosintetik; watara telungprapat dikasilaké déning alga lan mikroorganisme ijo ing segara, lan seprapat manèh déning tuwuhan ing dharatan. Karakteristik
Warna oksigen cair kuwi biru kaya warna biru langit. Fenomena iki ora gegandhèngan; warna biru langit disebabaké déning panyebaran Rayleigh.
Oksigen kuwi siji saka loro komponen utama udhara. Oksigen dikasilaké déning tuwuhan sajroning prosès fotosintesis, lan diperlokaké banget kanggo pernafasan aerobik kéwan lan manungsa. Tembung oksigen dijupuk saka loro tembung basa Yunani, οξυς (oxys) (asam, landhep) lan -γενης (-genēs) (dilairaké). Ing wiwitan abad ka-18, Antoine Lavoisier migunakaké jeneng oksigen saka akar basa Yunani amarga dhèwèké percaya yèn iku komponen saka kabèh asam (definisi asam kasebut wektu iki wis direvisi).
|
|||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
This article is from Wikipedia. All text is available under the terms of the GNU Free Documentation License.