Peradaban Mesir Kuno tuwuh kurang luwih telu setengah abad. Diwiwiti kanthi unifikasi awal klompok-klompok sing ana ing Lembah Nil sekitar 3150 SM, peradaban iki sacara tradhisional dianggep berakhir sekitar 31 SM, nalika Kekaisaran Romawi awal naklukaké lan nyerep wilayah Mesir Ptolemi minangka bagéan provinsi Romawi. Éwadéné perkara iki dudu pendudukan asing sepisanan dhateng Mesir, periode kakuwaosan Romawi nimbulaké sawijining perubahan pulitik lan agama sacara bertahap ing Lembah Nil, sing sacara efektif nandhani berakhiré tuwuhing peradaban independen Mesir.
Peradaban Mesir Kuno didhasari déning kontrol kaseimbangan sing becik antarané sumber daya alam lan manungsa, ditandhani utamané déning:
perdagangan kaliyan wilayah Afrika wétan lan tengah sarta Mediterania wétan; sarta
aktivitas militer sing nedahaké karakteristik kuwat hegemoni kerajaan lan dominasi wilayah dhateng kabudayan tangga ing sapérangan periode sing béda.
Panglolan kagiyatan-kagiyatan iki dilakokaké déning èlit sosial, pulitik, lan ékonomi sing antuk konsénsus sosial liwat sistem sing rumit didhasari kapercayan agama sangisoré sosok panguwasa setengah déwa (semi-divine), sing biasané lanang, liwat sawijining suksési dinasti panguwasa sing dikenal déning donya wiyar minangka kapercayan politeisme.