|
Article on other languages:
|
Godhong kuwi salah siji organ tetanduran sing tuwuh ing batang kang fungsi utamané nyerep energi cahya srengéngé kanggo fotosintesis. Umumé wernané ijo amarga ing kono ana jaringan sing paling akèh ngandhut klorofil. Godhong arupa organ tetanduran sing paling amba saéngga bisa nyerep energi cahya srengéngé saokèh-okèhé. Godhong duwé peran penting ing prosès mrodhuksi bahan pangan tetanduran supaya bisa tetep urip lan tuwuh amarga tetanduran iku organisme autotrof obligat sing kudu masok kabutuhan energiné dhéwé liwat konvèrsi energi cahya dadi energi kimia. Werna ijo godhong asalé saka kandhungan klorofil ing godhong. Klorofil iku senyawa pigmen sing duwé peran nyeléksi panjang gelombang cahya sing energiné dijupuk kanggo fotosintesis. Sabeneré godhong uga duwé pigmen liya, umpamané karoten (wernané jingga/kuning tuwa), xantofil (wernané kuning), lan antosianin (wernané abang, biru, utawa ungu, gumantung drajat keaseman). Godhong tuwa kélangan klorofil saéngga wernané malèh dadi kuning utawa abang (bisa dipirsani kanthi cetha ing godhong sing gugur). Fungsi godhong
Morfologi godhongWangun godhong akèh banget ragamé, nanging biasané arupa lembaran, bisa tipis utawa kandel. Gambaran rong dhimènsi godhong digunaaké kanggo mbédaaké wangun-wangun godhong. Wangun dhasar godhong mbunder, kanthi variasi cuping ndriji utawa dadi elips lan ndawa. Wangun ekstremé bisa lancip dawa. Godhong bisa uga malèh dadi eri (umpamané ing tetanduran kaktus), lan njalari godhong kélangan fungsiné minangka organ fotosintetik. Godhong tetanduran sukulen utawa xérofit uga bisa ngalami paralihan fungsi dadi organ panyimpen banyu. Anatomi Godhong
|
This article is from Wikipedia. All text is available under the terms of the GNU Free Documentation License.