|
Article on other languages:
|
Godhong, papan dumadiné fotosintesis
Fotosintesis iku sawijining prosès biokimia sing dilakoni tetanduran, ganggang, lan sapérangan jinis bakteri kanggo mrodhuksi energi sing dinggo (nutrisi) kanthi manfaataké energi cahya. Mèh kabèh makhuk urip gumantung saka energi sing diahasilaké ing fotosintesis. Akibaté fotosintesis dadi wigati banget kanggo kauripan ing bumi. Fotosintesis uga nduwèni jasa ngasilaké sebagéyan gedhé oksigen sing ana ing atmosfer bumi. Organisme sing ngasilaké energi liwat fotosintesis (photos ateges cahya) disebut minangka fototrof. Fotosintesis arupa salah sawijining cara asimilasi karbon amarga ing fotosintesis, karbon bébas saka CO2 diiket (difiksasi) dadi gula minangka molekul panyimpen energi. Cara liya sing ditempuh organisme kanggo ngasimilasi karbon yaiku liwat kemosintesis, sing dilakoni déning sapérangan bakteri belerang. Fotosintesis ing tetanduranTetanduran nduwèni sifat autotrof. Autotrof tegesé bisa nyintesis pangan langsung saka senyawa anorganik.Tetanduran migunaaké karbon dioksida lan banyu kanggo ngasilaké gula lan oksigen sing diperlokaké minangka pangané. Energi kanggo nglakokaké prosès iki asalé saka fotosintesis. Pirsanana persamaan reaksi sing ngasilaké glukosa ing ngisor iki:
Tetanduran nangkep cahya kanthi migunaaké pigmen sing disebut klorofil. Pigmen iki sing mènèhi werna ijo ing tetanduran. Klorofil ana ing organel sing disebut kloroplas. Klorofil nyerep cahya sing bakal dipigunaaké sajroné fotosintesis. Senadyan kabèh bagéyan awaké tetanduran sing wernané ijo ngandhut kloroplas, nanging sebagéyan gedhé energi diasilaké ing godhong. Ing njeron godhong ana lapisan sel sing disebut mesofil sing ngandhut setengah yuta kloroplas saben milimeter perseginé. Cahya bakal ngliwati lapisan epidermis tanpa werna lan sing transparan, nuju mesofil, papan dumadiné sebagéyan gedhé prosès fotosintesis. Permukaan godhong biasané dilapisi déning kutikula saka lilin sing sifaté anti banyu kanggo nyegah dumadiné panyerepan sinar srengéngé utawa panguapan banyu sing luwih saka samesthiné. Delengen uga
More about Fotosintesis: la fotosintesis, proceso de fotosintesis, proceso de la fotosintesis, que es fotosintesis, fotosintesis y respiracion, carbono ciclo de de del del fotosintesis los procesos relación respiración y, proses fotosintesis, |
This article is from Wikipedia. All text is available under the terms of the GNU Free Documentation License.